the biodoversity

the biodoversity

Jumat, 04 Juli 2014

Sajak Misuhe Gusti

....
Nuswantara gonjang-ganjing. Tanggale podo, wulane podo. Ning manungsa wus kelangan kamanungsan. Punakawan mudhun gunung, ora malah andum pitutur becik, ning malah mabuk ciu nang prapatan deso... Ciu ne mambu lengur kesrakahan. Amis kaya getih kewan.


Diamputtt kowe iku!!!
Wayahmu timur isih dawa, nanging kowe wis cetho wela-welo... mabuk anduming prahara!
Wong liyo kokarani kafir. Wong liyo kok-kaploki mergo ora podo.
Opo kowe sing nyekel kuncine swarga, he?
Ora liyo mung kowe sing takarani diamput!!

Diamputtt kowe iku!!!
Klambimu tuku nang pasar, podo karo sing liya.Wernane putih, resik.
Nanging prilakumu ora mbejaji...
cangkemu mangap-mangap nebar fitnah. Lha merga fitnahmu, atusan wong mati kesrakat...
duh, cilaka.... Kowe ora bedha karo kuburan.
Nduwur dilabur kapur karo ditawuri kembang,
nang njero kebak balung jrangkong tanpa polo... haduh-haduh ciloko...

Diamputtt kowe iku!!!
Kowe mara nang pelacuran, nggebuki wong wadon kang kok arani nakal...
nanging kowe ora ngerti, aku krungu jeritane saben dhalu..
Anake ora mangan ora ngombe susu...
Saiki ngomongo, apa kowe iso dadi Gusti kaya aku?

Diamputtt kowe iku!!!
Sanak-kadang kok bela, nanging wong cilik kok idak-idak...
Sanak-kadangmu ora liyo sing ngwenehi ciu.
Asal kowe wareg, iso mabuk, meneng. Ning yen durung wareg, cangkemu ndadak koar-koar...
Haaduh ciloko uripmu...

Diamputt kowe iku!!!
Kowe nggawa jenengku... Aku ora milih capres, ning kok gawa jenengku!
Sepira ndasmu iso mikir gedhene Aku? Sepira tanganmu iso ngukur Aku?
Aku tetep kokgawa-gawa ndukung calonmu, merga kowe butuh duit gawe tuku ciu...
Elingo kowe ora mangan sing kokanggep haram,
ning cangkemu mangap-mangap nebar fitnah,
wong becik kokarani layak dipateni, mergane antek setan!
tanganmu sraweyan mateni wong sing nyawane teka Aku,
kantongmu kebak dhuwit getihe wong kesrakat...
saben wengi, kowe mblejeti perawan kanggo nguntal susu...
Saiki, ndi sing halal-haram?


Dhuh, tangio teka anggonmu mabuk. Ciumu wis mambu gandhane getih...
Adhuh, ciloko.... tangio.... tansaya abot anggonmu nglakoni kuburmu...
Nanging kowe ra gelem tangi...
Ora liyo mung kowe sing pantes takarani diamputtt....


...
Tanggale podo, wulane podo... Punakawan tetep angler wuda anggone mari mabuk. Prapatan desa sepi mung lampu suluh nyumunar mendrip. Gendhing lingsir keprungu lamat-lamat. Alon-alon dhemit, tuyul, buto, banaspati, thek-thekan, lan gendruwo mara... matane tela-telo ngarep Gusti teka paring kaadilan. Asu-asu padha mara, ndilati mayite punakawan kang isih wuda blejet...