the biodoversity

the biodoversity

Rabu, 24 Juli 2013

Mud-puddling : upacara pungkasan kangge kupu wadon

- Saderengipun, kulo nyuwun pangapunten tumrap pamaos, amargi nulis bab niki ndhamel basa jawi. Tujuanipun namung nguri-uri kabudayan jawi ingkang sampun wonten salebeting rah kula lan sampun dados kewajiban tumraping sedaya tiyang nem Indonesia amrih sami-sami nguri-uri basa daerahipun piyambak-piyambak -

   Kapethik saking tontonan TV ingkang kula tingali kalawau, wonten bab ingkang narik kawigaten kulo, yaiku bab "mimpi sebelum kematian". Saking mriku, kula kaengetaken bab ingkang sami inggih kalampahan dening salah-satunggile mahkluk ingkang naminipun kupu-kupu. Lha kok ngoten? Nyatanipun, kupu-kupu sampun dhangu disumerepi gadhah nyawa mung sakeplasan mawon. Menawi sampun rampung tumindhake bab reproduksi, anggota ordo Lepidopera punika sami pejah, ninggalaken anak-anakipun ingkang awujud larva (uler).
   Kalandhesan bab punika, kula pados bahan ingkang nuntun kula dhateng bab mud-puddlingMud-puddling, utawi penyerapan mineral punika fenomena penyerapan mineral dening kupu-kupu. Mud-puddling kalampahan wonten ing kubangan, pinggiripun lepen, kotoranipun rajakaya, lan sapanunggale ingkang ngandhut bahan-bahan mineral. Prastawa mud-puddling punika umumipun kalampahan dening kupu-kupu jaler. Wonten sawetara alasan punapa prastawa wau kadados:

1. Kupu jaler perlu mineral
    Kupu jaler perlu sanget nyerep mineral. Bab punika mbothen ateges kupu wadon mbothen butuh mineral. Kupu jaler ngluwihi kabutuhanipun kupu wadon amargi jarak jelajahipun luas lan mabur luwih kathah tinimbang kupu wadon. Mineral, umumipun natrium, tansah dibutuhaken dhamel aktivitas neuromuscular, yaiku proses penggerakipun otot swiwi ingkang dhamel mabur.
2.  Transfer mineral
   Kupu jaler badhe kelangan kathah mineral menawi kawin kaliyan kupu wadon. Prastawa punika kadados amargi kupu jaler mindahaken sawetara mineral dhateng kupu wadon. Mineral punika minangka 'bekal' ndhamel ndhog (telur). Kupu wadon sarampungipun ngendhog, umumipun kathah ingkang pejah. Umur kupu punika mbothen sami, manut kaliyan jenis spesiesipun piyambak-piyambak. Kupu jaler taksih saged gesang ngantos reproduksi ingkang kaping kalih utawi tiga, lan wangsul dhateng area mud-puddling supados nggantosi mineral ingkang sampun ical. 

Mula saking prastawa punika, kula saged nggambaraken mineral punika inggih hadiah pungkasan dhamel kupu wadon, lan mud-puddling punika inggih prastawa utawi fenomena ingkang sami kaliyan upacara kematian, ingkang saged kaladhosan kanthi endah manut kaliyan tata-aturipun Gusti. Mungguh Ageng Gusti Allah kita, ingkang sampun nyabda kupu-kupu, ugi prastawa-prastawa ingkang mboten saged mlebet dhateng nalar kita. 

nuwun, 

Prastawa mud-puddling dening Cyrestis lutea ing Coban Rais

Sumber rujukan:

Boggs, CarolL. dan Lee A.J. 1991. Mud puddling by butterflies is not a simple matter. Ecological Entomology (1991) 16, 123-127
Beck, J., Eva M., dan Konrad F.. 1999. Mud-puddling behaviour butterflies: in search of proteinsor minerals? Oecologia (1999) 119:140-148

Tidak ada komentar:

Posting Komentar